Selamat berkunjung..
Kali ini saya mau mau membagikan contoh naskah dan mau minta kritik dan saran. hehe. Karena saya sedang mencoba belajar membuat suatu naskah cerita. Namun kali ini saya naskah cerita yang akan saya bagikan dalam Bahasa Jawa.
Berikut naskahnya.
Srengenge
durung kathon njedul, nanging semburat abang wis kathon mbranang ing sisih
wetan. Manuk-manuk pating bleber padha mangkat golek panganan, ninggalake
anak-anake kang isih padha cilik-cilik. Pating cruit kanthi pangarep-arep
biyunge ndang mulih terus ngloloh dheweke.
Esok
kui Pak Sumardi karo Ibu Juminem uga kathon menyang sawah. Menyang sawah kanthi
nyangking ember lan karung kanggo wadah lombok sing lagi arep dipaneni. Pak
Sumardi lan Ibu Juminem nduweni 3 kothak sawah, kang ditanduri lombok sakkabehane.
Wong loro kui mlaku-mlaku ing tengah dalan nyambi omong-omongan.
Ibu
Juminem : “Waduhh pak, bakalan panen iki pak,bakalan entok duwit akeh iki pak.”
Pak
Sumardi : “Iya ya buk, bakalan sugih mendadak iki buk.” (dengan penuh
kepercayaan diri)
Ibu Juminem
: “Ayo pak, cepet-cepet tekan sawah, aku wis ora sabar kie leh arep ngepekki
lombokke.”
Pak
Sumardi : “Ayo buk.”
Tekanne
ing sawah, wong loro kui kaget menawa lombok sing arep dipaneni entek sak
kothak.
Ibu
Juminem : “Lho lho lho... pak.. piye iki pak. Iki piye lombokke entek kabeh
ngene iki??” (dengan penuh kegelisahan)
Pak
Sumardi : “Aduhh buk, aku yo ra ngerti iki buk.”
Ibu
Juminem : “Ono sing maling iki mesti pak.”
Pak
Sumardi : “Husss..”
Ibu
Juminem : “Ngapa Pak?”
Pak
Sumardi : “Ora papa buk,yo wes buk aku wis ora semangat iki buk, mulih wae yo
buk?” (lemes sambil meremas-remas karung nya)
Ibu
Juminem : “Hayuklah pak, aku yo wis ora sregep meneh iki.”
Pak
Sumardi karo Ibu Juminem kui banjur mulih ing ngomahe kanthi nyangking ember
lan karung kosong amarga ora sida anggone panen lombok.
Sak
tekane ing omahe, wong tua loro kui banjur omong-omongan ngrembuk babagan
lombok sing ilang kui mau.
Pak
Sumardi : “Buk lombokke sak kothak kok bisa enthek ludes ngono ya buk ya?’’
Ibu
Juminem : “Iya ya pak, aku ya jan blas
ora ngerti iki pak kenapa bisa kaya ngono. Aku bingung pak, wis okeh
dhuit kanggo ngragati lombok kui pak. Malah saiki ilang ngono wae pak. Iki
mesti ana apa-apa iki pak.”
Pak
Sumardi : “I.. i... iya buk, mesti ana apa-apa ya buk.” (dengan gugup)
Ibu
Juminem : “Bapak kok dadi gugup ngono, kenapa?’’
Pak
Sumardi :”Ora papa kok buk, aku mung lagi lemes kui buk, amarga kui.”
Ibu
Juminem : “Owalah ngono to pak.”
Pak
Sumardi : “Ha’a buk. Ya wis lah buk, aku mumet butuh penyegaran. Aku arep nang
disik ya buk ya?”
Ibu
Juminem : “Ya kana pak, aku ya arep turu kui lah ben ya ora mumet.”
Wong
loro kui banjur nglakoni urusane dhewe-dhewe kanggo ngilangi mumet kang
dirasakne. Dina terus wis pungkas, ing dina sabanjure banjur Pak Sumardi karo
Ibu Juminem menyang sawah meneh.
Pak
Sumardi : “Buk menyang sawah meneh yuk buk, mumetku wis ilang iki.”
Ibu
Juminem : “Ayo pak.”
Saktekane
ana ing sawah, wong loro kui dikagetake menawa lombok sak kothak ing sisihe
sing wingi ilang, ilang meneh. Banjur Pak Sumardi karo Ibu Juminem luwih yakin
yen ana apa-apa kang dadi sebab ilange lombokke dheweke kui.
Ibu
Juminem : “Lho pak, lomboke sing sak kothak ilang meneh pakk..” (sambil
menangis)
Pak
Sumardi : “Iya ya buk, kok bisa ya buk.”
Ibu
Juminem : “Pak iki tetep ana apa-apa iki pak, kang dadi sebab ilange lombokke
dhewe.”
Pak
Sumardi : “Iya buk mesti.”
Sak
banjure kui, wong tua bebojoan kui mulih ing ngomah maneh, amarga dadi luwih
lemes lan mumet. Lan ora mungkin bisa ngepekki lombok sing ana ing sawah kui
meneh.
Tekanne
ing omah, wong loro kui terus ngrembuk babagan kui meneh.
Ibu
Juminem : “Pak aku arep usul saiki pak, menawa dhewe kudu indem-indem ing sawah
ben ngerti apa sebabe lombokke dhewe bisa entek ngono kae. Aku wis mumet
ngurusi babagan iki pak, kui dalan siji-sijine sing bisa dhewe lakoni.”
Pak
Sumardi : “Setuju waelah buk.”
Ibu
Juminem : “Ya nek ngono, ngesok sakdurunge adzan subuh dhewe wis ana ing sawah
pak.”
Pak
Sumardi : “Iya buk.”
Ing
dina katelu. Esok-esok sakdurunge adzan Subuh kui sida-sida PakSumardi karo Ibu
Juminem menyang sawah. Wong loro kui banjur indem-indem ing mburi uwit-uwit
kang gedi.
Ibu
Juminem : “Sutt.. meneng wae ya pak ya.”
Pak
Sumardi : “Halah.. iya iya buk iya.”
Ora
let suwi, banjur ana wong enom loro sing nyangking karung, lan nyedakki sawahe
pak Sumardi sing ditanduri lombok kui. Banjur wong enom loro kui ngepekki
lombokke Pak Sumardi sing mung isih turah sak kothak kui.
Ibu
Juminem : “Ayo pak kae jebul malinge.”
Pak
Sumardi : “Kosek buk, sedela meneh.”
Ibu
Juminem : “Halah pak, Kesuenn..”
Pak
Sumardi karo Ibu Juminem bajur mlayu nyedakki wong enom loro sing lagi ngepekki
lobokke nduwukke dhewekke kui. Nanging anehe, wong enom-enom kui ora mlayu
lunga.
Ibu
Juminem : “Heyy kowe..(dengan berteriak), arep maling ya?”
Pak
Sumardi : “Iya kowe .”(dengan suara agak pelan)
Wong
enom I : “Sinten sing badhe maling niku?’’
Ibu
Juminem : “Lha ya kowe iki, jebul kowe ta sing ngepekki lombokke gonku.”
Wong
enom I : “Kula mboten maling buk, dingapunten kula kepeksa kados ngeten niki.”
Wong
enom II : “Nggeh buk, leres niku buk.”
Ibu
Juminem : “Kok ya ana ya maling sing bisa basa krama alus ngono kui iki.”
Ibu
Juminem : “Bapak kok meneng wae to pak?”
Pak
Sumardi : “Aku lagi bingung buk.”
Ibu
Juminem : “Bingung kenapa pak?”
Pak
Sumardi : “Eeeee.... ngannnn.....”
Wong
enom I : “Dadi kados ngeten buk (memotong pembicaraan pak Sumardi) rien nggeh
sampun dangu sanget, Pak Sumardi menika nggadahi utang kaliyan kulo lan
rencange kulo niki. Rien Pak Sumardi menika matur kaliyan kulo lan rencange
kulo niki, menawi kiyambekipun tiang ingkang sugih lan gadah arta ingkang
kathah sanget. Nalika niku kulo kaliyan
rencange kulo meniki sek ngamen wonten ing pinggir pertigaan dalan gede mriko,
saklajengipun wonten bapak-bapak ingkang lagi kebingungen. Kulo lan rencange
kulo lajeng nyedaki bapak menika, lan kulo tangleti.
Ibu
Juminem : “Terus-terus??”
Wong
enom I : “Jawab ndol!!” (sambil melihat ke arah Wong enom II)
Wong
enom II : “Ya emoh aku lek.”
Wong
enom I : “Ya ya lah.”
Ibu
Juminem : “Piye cah?”
Wong
enom I : “Sak lajengipun kula tangleti werni-werni, lajeng bapak-bapak wau
sanjang menawi kiyambekipun namine Pak Sumardi, tiang ingkang sugih nanging
lagi kebingungen amargi lagi mlampah-mlampah nanging mboten mbeta arta. Pak
Sumardi menika nggeh janji menawi badhe bayar utangipun kanthi kalipatane arta
ingkang kula paringaken. Nanging ngantos sakniki mboten nyarutang, kulo
tangleti mature namung lagi sibuk ngeten mawon."
Ibu
Juminem : "Bener kui pak?? " (Dengan nada keras)
Pak
Sumardi : "Iya buk, dingapuro buk. " (Dengan nada pelan)
Ibu
Juminem : "Kenapa bapak ora ngomong pak??, apa bapak ora eling yen dhewe
ngetokke dhuwit okeh kanggo ngragati lombok iki,, dhewe uwis ora dhuwe apa-apa
maneh pak."
Pak
Sumardi : "Dingapura buk, wektu kui pancen aku lagi bingung, bingung arep
nggolek dhuwit rindi, amarga dhewe lagi butuh banget dhuwit. "
Ibu
Juminem : "Njo piye iki pak, nek wis kenean kie dadine??"(Dengan
menangis)
Pak
Sumardi : "Aku yo ra ngerti buk."
Ibu
Juminem : "Iki urusane njo piye cah??"
Wong
enom I : "H nggeh ngeten mawon, kula nglakoni niki nggeh kepeksa buk,
amargi kula sek butuh sanget arta damel tumbas obat kangge ibuk'e kula sing
lagi sakit. Nggeh mpon cukup sementen mawon, turahan lombok niki kangge
panjenengan mawon. Kulo nggeh nyuwun pangapunten ingkang kathah menawi kula
sampun mendeti lomboke panjenengan kanthi mboten matur utawi ijin
rumiyin."
Wong
enom II : "Nggeh buk, kula nggeh nyuwun pangapunten ingkang
kathah."(sambil bersalaman dengan ibu Juminem dan pak Sumardi)
Ibu
juminem : "Iya wis ora popo kok. Iki dudu kesalahane saman nanging iki
kesalahane bojoku iki, pak Sumardi. Ya wis aku saiki wis lilo. Wis dianggep
rampung wae urusane dhewe."
Wong
enom I : "Iya buk, matur suwun sanget niki nggeh buk."
Banjur
wong enom I lan wong enom IIkaro ibu Juminem lan pak Sumardi padha
ngapuran-ngapuranan. Lan nganggep utang piutang pak Sumardi wis sah.
Wong
enom I & II : "Matur nuwun sanget nggeh buk, kula badhe pamit rumiyin
lan mangga niki lombok sing teng karung niki kangge panjenengan mawon."
Ibu
Juminem : "Iya padha-padha ya cah, h wis lombok sing wis nang karung kui
koe gowo wae, kanggo tuku obat gawe mbok mu. Muga-muga mbok mu cepet mari ya
cah ya."
Wong
enom I : "Niki tenanan niki buk??"
Pak
Sumardi : "Buk buk." (Dengan nada menggoda)
Ibu
Juminem : "Halah koe ki."
Ibu
Juminem : "Iya ya menan cah."
Wong
enom I : "Matur nuwun sanget niki nggeh buk."
Wong
enom II : "Mugi-mugi Gusti ingkang Maha Kuasa paringana nikmat ingkang
katha kangge panjenengan pak, buk."
Ibu
Juminem : " Amin ya cah."
Wong
enom loro kui banjur lunga saka sawahe pak sumardi lan ibu juminem kanthi rasa
bahagia.
Nah,
sakwise wong enom loro mau lunga, kedaden padhu antaraning ibu Juminem lan Pak
Sumardi.
Ibu
Juminem : "Pak, apik ya pak nek ngono kui??"
Pak
Sumardi: "Buk aku paham aku salah buk, nanging.. "
Ibu
Juminem : "Nanging apa pak??"
Pak
Sumardi : "Nanging aku kepeksa buk, aku kepeksa nglakoni dheweamarga aku
bingung, yen namung ngandelake hasil sawah ora cukup yen gawe urip bendinane.
Banjur aku lagi golek kerja-kerja liya sing bisa nambahi ekonomi keluargane
dhewe. Nanging malah aku kecopetan, banjur aku ora dhuwe duit. Nah pas kui, aku
weroh bocah-bocah enom mau, banjur aku nyilih duite bocah-bocah enom kui."
Ibu
Juminem : "Iya pak aku ngerti perasaane bapak wektu kui, aku paham,
nanging carane bapak kui sing salah. Kudune bapak kui omong apa anane, jujur
pak."
Pak
Sumardi : "Iya buk,pangapurane ya buk, aku wis luput."
Ibu
Juminem : "Iya pak, ora papa kok pak. Bapak nglakoni kui ya gawe
kepentingane keluarga to pak, aku bisa maklum kok pak. Dhewe lewati masalah iki
bareng-bareng ya pak. Nanging ojo pisan-pisan dibaleni maneh ya pak"
Pak
Sumardi :"Iya ibuk sayang, matur nuwun ya buk ya.” (Dengan memegang
tangannya ibu Juminem)
Ibu
Juminem : “Hehehe, bapak jebul ya bisa romantis ngene kie ya pak.”
Pak
Sumardi : “Aku kaya ngene ya amarga saman buk. Aku bersyukur banget buk, bisa
urip karo saman buk.”
Ibu
Juminem : “Iya ya pak. Wis lah pak, lomboke selak garing kae.”
Pak
Sumardi : “Iya buk, hayuk buk turaha lombok sing isih nang uwite kae dipeki.”
Ibu
Juminem : “Hayuk bapakne sing elek.”
Pak
Sumardi : “Ya wislah ora papa dimuni elek, sing penting tetep sayang.”
Ibu
Juminem : “Hehehe.. iya ya pak.”
Banjur
wong loro kui padha ngepeki turahan lombok sing mau durung dipeki bocah enom
loro mau kanthi seneng-seneng, lan padha nrima anggone nglakoni kisah
kehidupane kanthi apa anane.
Tamat.
Jangan Lupa Komentarnya ya...hehe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar